Sony Xperia X - Nampa telpon

background image

Nampa telpon

Yen nampa telpon mlebu nalika piranti ing mode ngaso utawa layar kekunci, apliaksi

telpon mbukak ing format layar kebak. Yen nampa telpon mlebu nalika layar aktif, telpon

mlebu ditampilake minangka kabar ngawang, yaiku, ing jendhela cilik sing ngawang ing

sisih ndhuwur layar apa wae sing lagi mbukak. Nalika ana kabar kaya ngene, sampeyan

bisa milih njawab telpon lan mbukak layar aplikasi telpon, utawa nolak telpon lan tetep

ing layar saiki.

Njawab telpon nalika layar ora aktif

Nalika ana telpon mlebu, seret nengen.

Njawab telpon mlebu nalika layar aktif

Nalika ana telpon mlebu, ing kabar sing katon dhisik ing ndhuwure layar, tutul

JAWAB.

Tinimbang njawab telpon, sampeyan bisa menyang layar aplikasi telpon utama kanthi nutul

jendhela kabar dhisik. Nganggo cara iki, sampeyan duwe pilihan luwih akeh kanggo nangani

telpon. Contone, sampeyan bisa mutusake nolak telpon karo pesen.

Nolak telpon mlebu nalika layar ora aktif

Nalika ana telpon mlebu, seret ngiwa.

Nolak telpon nalika layar aktif

Nalika ana telpon mlebu, ing kabar sing katon dhisik ing dhuwure layar, tutul

Tutup.

Tinimbang nolak telpon, sampeyan bisa menyang layar aplikasi telpon utama kanthi nutul

bageyan ndhuwur jendhela kabar dhisik. Nganggo cara iki, sampeyan duwe pilihan luwih akeh

kanggo nangani telpon. Contone, sampeyan bisa mutusake nolak telpon karo pesen.

Nggawe bisu nada dering kanggo telpon mlebu

Nalika nampa telpon, pencet tombol volume.

69

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggunakake mesin panjawab

Sampeyan bisa nggunakake aplikasi mesin panjawab ing piranti kanggo njawab telpon

nalika sibuk utawa ora bisa njawab telpon. Sampeyan bisa ngaktifake fungsi njawab

otomatis lan nemtokake pirang detik wektu sadurunge telpon dijawab otomatis.

Sampeyan uga bisa kanthi manual ngarahake telpon menyang mesin panjawab nalika

sibuk banget lan ora bisa njawab. Lan sampeyan bisa langsung ngakses pesen sing keri

ing mesin panjawab.

Sadurunge nganggo mesin panjawab, sampeyan kudu ngrekam pesen uluk salam.

Ngrekam pesen salam kanggo mesin panjawab

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™ > Salam.

3

Tutul

Rekam salam anyar lan tututi patunjuk ing layar.

Ngaktifake jawab otomatis

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™.

3

Tutul panggeser ing sisihe

Mesin Panjawab.

Yen ora nemtokake wektu tunggu kanggo jawab otomatis telpon, wektu gawan bakal

dianggo.

Nemtokake wektu tunggu kanggo panjawab otomatis

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™.

3

Tutul

Angkat sawise.

4

Atur wektu kanthi nggulung munggah lan mudhun.

5

Tutul

Rampung.

Nerusake telpon mlebu menyang mesin panjawab

Nalika ana telpon mlebu, tutul

Opsi tanggepan banjur pilih Tolak nganggo Mesin

Panjawab.

Nalika ana telpon mlebu, sampeyan uga bisa ngenteni nganti wektu tundha sing disetel

sadurunge wis kliwat supaya mesin panjawab ngangkat telpon kasebut kanthi otomatis.

Ngrungokake pesen ing mesin panjawab

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™ > Pesen.

3

Pilih pesen swara sing arep dirungokake.

Sampeyan uga bisa ngrungokake langsung pesen mesin panjawab saka cathetan telpon

kanthi nutul .

Nolak telpon nganggo sms

Sampeyan bisa nolak telpon nganggo sms, dikirim otomatis menyang panelpon lan

disimpen ing obrolan Olahpesen karo kontak kasebut.
Sampeyan bisa milih saka pirang-pirang sms sing wis disetel saka piranti, utawa bisa

nggawe dhewe sing anyar. Sampeyan uga bisa nggawe sms pribadhi kanthi ngowahi

saka sing ana ing setelan.

Nolak telpon nganggo pesen sms nalika layar ora aktif

1

Nalika ana telpon mlebu, tutul

PILIHAN TANGGEPAN.

2

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul

Tulis pesen anyar.

70

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nolak telpon nganggo pesen sms nalika layar aktif

1

Nalika ana telpon mlebu, tutul bageyan ndhuwur jendhela kabar ing panggonane

nomer telpon utawa jeneng kontak ditampilake.

2

Tutul

PILIHAN TANGGEPAN.

3

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul

Tulis pesen anyar.

Nolak telpon liya nganggo pesen teks

1

Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, tutul

PILIHAN TANGGEPAN.

2

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul

Tulis pesen anyar.

Ngowahi pesen teks sing digunakake kanggo nolak telpon

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Tolak telpon nganggo pesen.

3

Tutul pesen sing arep diowahi, banjur owahi saperlune.

4

Tutul

OK.