Sony Xperia X - Kabar

background image

Tutul kaping pindho garis status kanggo nuduhake panel Kabar, banjur tutul potret

layar sing pengin dideleng.

Sampeyan uga bisa ndeleng potret layar ing aplikasi Album.

Kabar

Kabar ngandhani sampeyan babagan prastawa kayata pesen anyar lan kabar tanggalan,

uga kagiyatan sing lagi mlaku, misale undhuhan file. Kabar muncul ing panggonan iki:

Garis status

Panel Kabar

Layar kemunci

Mbukak utawa nutup panel Kabar

29

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

1

Kanggo mbukak panel Kabar, seret mudhun garis status, utawa mung nutul

kaping pindho.

2

Kanggo nutup panel Kabar, seret utawa gulung cepet panel mendhuwur.

Sawise mbukak panel Kabar, sampeyan bisa ngakses panel Setelan cepet kanthi nyeret garis

status mudhun maneh.

Nanggepi kabar ing panel Kabar

Tutul kabar.

Sampeyan bisa langsung mangsuli obrolan utawa pesen email ing panel Kabar. Kanggo

ngowahi setelan kabar, mung usap ngiwa utawa nengen ing kabar, banjur tutul .

Nolak kabar saka panel Kabar

Selehake driji ing kabar banjur gulung cepet ngiwa utawa nengen.

Ora kabeh kabar bisa ditutup.

Nggedhekake kabar ing panel Kabar

Mung tutul kanggo nggedhekake lan ndeleng luwih akeh informasi babagan kabar

tanpa mbukak aplikasi.

Ora kabeh kabar bisa digedhekake.

Mbusak kabeh kabar saka panel Kabar

Tutul

RESIKI KABEH.

Nanggapi kabar saka layar kunci

Tutul kabar ping pindho.

Nolak kabar saka layar kunci

Selehake driji ing kabar banjur gulung cepet ngiwa utawa nengen.

Nggedhekake kabar ing layar kunci

Seret kabar mengisor.

Ora kabeh kabar bisa digedhekake.

Ngatur kabar ing layar kunci

Sampeyan bisa ngatur piranti supaya mung nampilake kabar pilihan ing layar kunci.

Sampeyan bisa ngatur supaya kabeh kabar lan isine bisa diakses, ndhelikake konten

sensitif kanggo kabeh kabar utawa aplikasi tartamtu, utawa milih ora nampilake kabar

babar blas.

Milih kabar kanggo ditampilake ing layar kunci

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Kabar.

3

Tutul , banjur tutul

Ing layar kemunci.

4

Pilih salah siji.

Sampeyan bisa nyimpen kabar ing layar kunci nganti sampeyan ngusap kanggo nutup kabar

kasebut. Kanggo ngaktifake fitur iki, tutul

Simpen kabar ing layar pangunci.

Opsi tampilan kabar ing layar kemunci

Tudhuhake kabeh

isi kabar

Entuk kabeh kabar ing layar kunci. Nalika nguripake setelan iki, elinga yen kabeh isi

(kalebu isi email mlebu lan obrolan) bakal katon ing layar kemunci kajaba sampeyan

namtokake aplikasi sing cocog minangka

Delikake isi sensitif ing menu setelan Kabar

aplikasi.

30

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Delikake isi kabar

sensitif

Sampeyan kudu nduweni PIN, sandi, utawa pola kanggo layar kemunci supaya

setelan iki sumadhiya.

Isi didhelikake ditampilake ing layar kemunci yen ana kabar

sensitif sing teka. Misale, sampeyan bakal entuk kabar kanggo email mlebu utawa

obrolan, nanging isine ora bakal katon ing layar kemunci.

Aja tudhuhake

kabar blas

Sampeyan ora bakal entuk kabar babar blas ing layar kemunci.

Nyetel tingkat kabar aplikasi

Sampeyan bisa nyetel maneka tumindak kabar kanggo saben aplikasi. Misale, sampeyan

bisa mblokir kabeh kabar email, ngutamakake kabar Facebook™, lan ngatur supaya isi

kabar olahpesen katon ing layar kunci.

Nyetel tingkat kabar aplikasi

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Kabar.

3

Pilih akun sing dipengini.

4

Tutul panggeser kanggo ngatur setelan kabar kaya sing dikepengini.

Tingkat lan pilihan kabar kanggo aplikasi tartamtu

Blokir kabeh

Aja nampa kabar saka aplikasi sing dipilih.

Swara lan kedher mati

Nampa kabar nanging tanpa swara, kedher, utawa ngintip menyang pandelengan.

Mung Prioritas Interupsi Tampa kabar saka aplikasi iki uga nalika Aja ngganggu disetel menyang Mung

prioritas.

Lampu kabar

Lampu kabar nuduhake sampeyan babagan status baterei lan prastawa liyane.

Umpamane lampu putih kelip-kelip tegese ana pesen anyar utawa telpon ora kejawab.

Lampu kabar diaktifake kanthi gawan nanging bisa dipateni kanthi manual.

Yen dipateni, lampu kabar mung murup yen ana peringatan status baterai, misale, yen tingkat

baterei ing ngisore 15 persen.

Ngaktifake utawa mateni lampu kabar

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Kabar > .

3

Tutul panggeser ing sisihe

Lampu kabar kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi

kasebut.