Sony Xperia X - Navigasi aplikasi

background image

Navigasi aplikasi

Sampeyan bisa navigasi antarane aplikasi nganggo tombol navigasi lan jendhela aplikasi

sing bubar digunakake, sing ngidini sampeyan ngalih kanthi gampang antarane kabeh

aplikasi sing bubar dianggo. Tombol navigasi kalebu tombol Bali, tombol Ngarep, lan

tombol Aplikasi sing bubar dianggo. Sampeyan uga bisa mbukak rong aplikasi ing layar

bebarengan nggunakake mode bagi layar, yen aplikasi ndhukung fungsi akeh jendhela.

Sawetara aplikasi ditutup yen sampeyan menet tombol Ngarep kanggo metu, nanging

aplikasi liyane dijeda utawa bisa terus aktif ing latar mburi. Yen aplikasi ngaso utawa

mlaku ing latar mburi, sampeyan bisa nerusake sing ketundha mengko nalika aplikasi

dibuka maneh.

Ringkesan aplikasi navigasi

1

Resiki kabeh – Nutup kabeh aplikasi sing bubar dianggo

2

Jendhela aplikasi sing bubar dianggo – Mbukak aplikasi sing bubar dianggo

3

Tombol aplikasi pungkasan – Mbukak jendhela aplikasi sing bubar dianggo lan garis favorit

4

Tombol Ngarep – Metu saka aplikasi lan bali menyang layar Ngarep

5

Tombol Bali – Bali menyang layar sadurunge ing aplikasi utawa nutup aplikasi

Mbukak jendhela aplikasi sing mentas digunakake

Penet .

Ngoper antarane aplikasi sing bubar dianggo kanthi cepet

Penet kaping pindho kanthi cepet.

Nutup kabeh aplikasi sing bubar digunakake

Tutul banjur tutul

RESIKI KABEH.

Mbukak menu ing aplikasi

Nalika nggunakake aplikasi, tutul .

Menu ora kasadhiya ing kabeh aplikasi.

Mode bagi layar

Mode bagi layar ngidinake sampeyan ndeleng rong aplikasi bebarengan, contohne, yen

pengin ndeleng kothak mlebu email lan pramban web kanthi bebarengan.

26

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

1

Aplikasi 1 ing jendhela ndhuuwr

2

Wates mbagi layar – Seret kanggo ngowahi ukuran jendhela

3

Aplikasi 2 ing jendhela ngisor

4

Tombol mbagi layar – Milih aplikasi sing bubar dianggo

5

Tombol Ngarep – Bali menyang layar Ngarep

6

Tombol Bali – Bali menyang layar sadurunge ing aplikasi utawa nutup aplikasi

Ora kabeh aplikasi ndhukung mode bagi layar.

Nggunakake mode bagi layar

1

Pesthekake yen rong aplikasi sing pengin dianggo ing mode bagi layar kuwi

kabukak lan lumaku ing latar mburi.

2

Tutul terus lan aplikasi sing dipengini menyang bageyan ndhuwur layar.

3

Ing bageyan ngisor layar, tutul aplikasi kaloro sing dipengini.

4

Ing arah potret, seret garis ireng ing tengah mendhuwur utawa mengisor kanggo

ngowahi ukuran jendhela.

5

Kanggo metu saka mode bagi layar, tutul terus .